Khutbah Jumat Basa Jawa : Kautaman Wulan Ramadhan

InoaGroup.com - Sedaya puji syukur dumateng Allah, ingkang tansah paring mapinten-pinten kanikmatan, saha sholawat mugi tansah katetepna dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW., kawula wasiat dumateng panjenengan sedaya, khususipun pribadi kawula piyambak, mangga samiyo nambahi taqwa dumateng Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dipun dhawuhaken.   BACA JUGA : Menghasilkan Uang dari Internet Tidak Bisa Cepat? Benarkah, KLIK DISINI
www.inoaGroup.com

Khutbah Jumat Basa Jawa Nyambut Ramadhan 2016

"Kautaman Wulan Ramadhan"

  Oleh : Soli InoaGroup.com


satu juta perhari
Sidang Jumah Rahimakumullah
Sekedhap malih kita badhe kerawuhan tamu agung wulan Ramadhan tahun 2016, wulan ingkang kebak berkahipun Allah. Wonten wulan punika Allah nurunaken al-Qur’an, kitab panutan kita umat Islam, kitab ingkang isi pitedah-pitedah ingkang sae tumra mukmin. Ugi ing dalem wulan punika wonten dalu ingkang langkung sahe ketimbang sewu wulan, dalu punika dipun wastani lailatul Qodar. Allah paring kewajiban dumateng kita sedaya siyam ing dalem wulan Ramadhan punika minongko ad-Dzikr / pepiling tumraping menungso ingkang panci kathah supenipun. Inggih supe nindaaken syukur saking ni’mat ingkang sampun dipun paringaken. 

Kaum Muslimin sidang Jum’ah Rahimakumullah.
Sangking arah punika kita kedah kados pundi sak sampunipun mangertos fadlilah lan agungipun wulan Ramadhan? Boten sanes mangga kita ningkataken ibadah amal sholih kita ingkang dados simpenan benjang wonten ing akhirat. Kita kathah-kathahaken istighfar lan tadarus Al-Qur’an kanti eling-eling maknanipun, kita suda anggenipun nyambut damel utawi ngupados kadonyan, sebab manawi badan kita kesel utawi sayah punika saged nglalekaken dateng nindakaken kewajiban-kewajiban wonten ing wulan punika. Kita kedah saget bagi wekdalipun ingkang supados hasil sedayanipun. Mangga wonten ing wulan punika kita supados ngathah-ngathahaken maos ayat suci al-Qur’anulkariim dherek tindak lampahipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. Keranten wonten ing wulan punika kanjeng nabi dipun panggihi deneng malaikat Jibril AS lajeng tadarrus al-Qur’an. Lan malih poro ulama kita sami ngathah-ngathahaken maos Al-Qur’an wonten ing wulan punika. Keranten gusti Allah sampun maringi keistimewaan ing wulan Ramadhan arupi temurunipun Al-Qur’an. Kados dawuhipun Allah wonten ing Al-Qur’an;
Ingkang artosipun: “Kang ono ing sakjrone wulan Ramadhan al-Qur’an diturunake kangge nuduhake marang menungso lan dadi tondo terang saking pituduhe Allah SWT lan kangge bedaaken antarane barang kang haq lan kang bathil”.
Artosipun; “Sopo wonge maca sakhuruf saka kitab al-Qur’an mangka kanggu wong iku sepuluh kabagusan”.

Kaum Muslimin sidang Jum’ah Rahimakumullah.
Kejawi kita supados ngathah-ngathahaken maos Al-Qur’an lajeng kita supados saged ngerekso / nyejani dateng siyam kita punika sangking perkawis-perkawis ingkang saged ngerusak dateng sahipun siyam, inggih punika amal awon, kados ngerasani tiyang sanes, adu-adu lan sak panunggalanipun. Keranten engkang nami siyam punika boten namung ngempet dahar lan minum kemawon, ananging ugi kedah ngempet sangking pendamelan mungkar ingkang dipun awisi deneng Allah SWT.
Pramila mangga wonten wulan Ramadhan punika dipun isi kanthi amal-amal ingkang soleh. Kados tadarrus al-Qur’an, sholat tarawih berjamaah lan Qiyamullail, soho ngathah-ngathahaken anggenipun taubat lan istighfar dateng Allah SWT.
Dipun sebataken wonten ing hadis bilih rasulullah SAW ngendiko;
Artosipun; “Ono telung golongan kang bakal salaman karo malaikat naliko tangi soko kubur. Deweke yoiku: Poro syuhada’, wong-wong mukmin kang ndiriaken sholat tahajjud ono ing wulan Ramadhan lan wong-wong kang poso ing dino Arofah”.
Lajeng kados pundi lan sinten tiyang ingkang boten kepingin waget salaman kaliyan malaikat, makhlukipun Allah ingkang mulyo, lan malaikat punika pirso nami-nami kita. Lan kanti salaman mentandaaken bilih kita kalebet tiyang ingkang bejo, slamet mangke dumugi suargo. Temtu kemawon punika dados idam-idamanipun kita sedaya.
Wonten hadits lintu Rasulullah SAW ngendiko:
Artosipun; “Sopo wonge ngelakoni ibadah ing wulan ramadlan kanthi dasar iman lan kerono murih ganjaran, mongko wong mahu bakal dingapuro dusane kang wis keliwat”BACA JUGA : Kisah Unik Seorang Pelajar  Hasilkan 25 Juta Per Bulan Dari Internet 



Akhiripun, mangga kita tansah  ngiyataken jiwo rogo, kita jagi kesehatan wonten ing wulan ramadhan punika supados kita waged ibadah sak kathah-kathahipun. Lan mugi-mugi Allah tansah paring pitedah soho kekiatan, amin, amin, amin…ya robbal ‘alamin. 
  KAMI BERBAGI KARENA KAMI PEDULI, SHARE ARTIKEL INI JIKA MENURUT ANDA BISA BERMANFAAT BAGI ORANG LAIN, KLIK TOMBOL SHARE DI BAWAH INI



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Dolanan Jawa "Menthok-menthok"

Vidi Aldiano, Pupus Kasih Tak Sampai