Khutbah Bahasa Jawa 2016 Tema Gerhana Matahari Total

InoaGroup.com - 9 Maret 2016 dados dinten ingkang istimewa kagem kita sedaya langkung-langkung kaum Muslim, Allah Ta’ala paring kanikmatan dumateng kita saged nyekseni sesarengan keagunganipun Allah arupi Gerhana Matahari Total. Salah satunggaling bukti keagunganipun Allah Ta’ala ingkang dipun utarakaken para cendekiawan para ilmuwan sejagad bilih fenomena alam punika boten mungkin saged dipun tiru, dipun tunda, punapa malih dipun batalaken dening sedaya makhluk wonten alam donya punika. Kagem Umat Muslim dipun sunahaken sholat  gerhana, wonten tulisan punika kawula aturaken salah satunggaling conto khutbah mawi tema “Gerhana Matahari Total 2016”, mugi paring manfaat, Amin. .  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016
www.inoaGroup.com

Khutbah Bahasa Jawa 2016

"Gerhana Matahari Total, 9 Maret 2016"

  Oleh : Soli InoaGroup.com




Jamaah rahimakumullah,
Allah SWT ingkang sampun nyiptakaken Matahari ugi Bulan, saklajengipun ngatur kekalihipun saged paring maslahat dumateng sedaya makhluk gesang ing alam donya, Allah paring firman :
http://tafsirq.com/10-yunus



“Dialah yang menjadikan matahari bersinar dan bulan bercahaya dan ditetapkan-Nya manzilah-manzilah (tempat-tempat) bagi perjalanan bulan itu, agar kamu mengetahui bilangan tahun dan perhitungan (waktu). Allah tidak menciptakan yang demikian itu melainkan dengan hak. Dia menjelaskan tanda-tanda (kebesaran-Nya) kepada orang-orang yang mengetahui.” (QS. Yunus: 5)



Matahari lan Bulan dipun perintah dening Allah Ta’ala dipun takdiraken dados sebab wontenipun siang lan dalu ugi peteng lan padang. Allah ugi paring firman :
http://tafsirq.com/25-al-furqan/ayat-62

 “Dan Dia (pula) yang menjadikan malam dan siang silih berganti bagi orang yang ingin mengambil pelajaran atau orang yang ingin bersyukur. (Terj. QS. Al Furqan: 62)


Wonten kathah sanget hikmah ingkang saged kita petik saking fenomena alam Gerhana Matahari Total punika, kagem kita kaum Muslim kedah saged mundhut punapa pesen-pesen ingkang Allah badhe ngendikakaken dumateng kita kaum Muslim.
Hikmah ingkang saged kita pelajari nggih punika salah satunggaling bukti bilih Gerhana Matahari Total ing dinten Rabu kala wingi 9 Maret 2016, minangka tanda bilih Allah Azza wa Jalla ingkang Maha Kuaos saged nguasani sedaya ingkang wonten bumi dalah sedaya jagat raya, Allah kuwaos ngatur Matahari lan bulan, punika bukti bilih gampang sanget Allah paring gesang utawa pati dumateng makhlukipun. Supados kita kaum Muslim tansah terus eling pati, ninggalaken sedaya maksiat lan dipun iringi kanthi amal ingkang sholeh. Allah paring firman : dengan amal yang saleh. Allah SWT berfirman, Dan Kami tidak memberi tanda-tanda itu melainkan untuk menakut-nakuti.” (TQS. Al Israa': 59)
Hikmah saklajengipun dumateng kita kaum Muslim bilih Bulan, Matahari, Alam Semesta punika sampun diatur dening Allah Ta’ala, dados boten pantes dipun dadosaken sesembahan. Allah paring firman : “Dan di antara tanda-tanda kekuasaan-Nya ialah malam, siang, matahari dan bulan. Janganlah sembah matahari maupun bulan, tetapi sembahlah Allah yang menciptakannya, jika Dialah yang kamu sembah.” (QS. Fushshilat: 37)
Hikmah Gerhana Matahari Total punika ugi saged dipun dadosaken tuladha, conto bilih sedaya ingkang sampun kaleksananan boten mustahil lan sanget sanget gampil kagem Allah Ta’ala ingkang Maha Kuaos, sahingga kita saged tansah eling bilih dinten Kiamat ugi boten mustahil. Gampang sanget Allah badhe paring kanikmatan kagem hambanipun ingkang taqwa, ugi gampil paring hukum dumateng hambanipun ingkang kufur. BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016




http://www.inoagroup.com/2015/11/buku-kumpulan-khutbah-jumat-lengkap.html


Jamaah Rahimakumullah,
Rasulullah Saw bersabda, “Sungguh, tidaklah terjadi gerhana matahari dan bulan terkait kematian atau lahirnya seseorang, melainkan, keduanya merupakan tanda-tanda kebesaran Allah. Apabila kalian melihatnya, maka laksanakanlah shalat.” (HR. Bukhari)
Gerhana Matahari Total boten perlu kita dadosaken hal ingkang khusus utawi istimewa, Gerhana punika salah satunggaling kekuasaan Allah kados peristiwa alam sanes : gempa bumi, lisus, bledhek, udan deres, utawi sanesipun, punika sedaya peringatan dumateng manungsa supados purun wangsul dumateng dalan ingkang leres.
Mila punika, Rasulullah SAW paring dhawuh nalika gerhana dipun laksanakaken shalat, doa, zikir, istighfar, sedekah ugi amalan sholeh sanesipun.
Rasulullah Saw bersabda,
“Apabila kalian melihat gerhana, maka segeralah dzikrullah, bertakbir, shalat dan bersedekah.” (HR. Malik, Ahmad, Bukhari, Muslim, Abu Dawud dan Nasa’i)
Punika wau adab-adab ingkang dipun ajaraken Nabi kita Muhammad SAW, mugi-mugi kita sedaya tansah dipun lebetaken wonten golongan kaum ingkang dipun paringi petunjuk lan perlindungan saking Allah Ta’ala wonten ing donya ugi alam akhirat, Amin.  BACA JUGA : Kumpulan Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Lengkap 2016

DOA KHUTBAH
 
 
 
 
 


SEBELUMNYA :
Khutbah Jum'at Bahasa Jawa
Lengkap 2016, Klik Disini




Baca Juga Artikel Lainnya :

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Dolanan Jawa "Menthok-menthok"

Vidi Aldiano, Pupus Kasih Tak Sampai