Pranatacara Basa Jawa : Nikah (hal 3)

InoaGroup.com - Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja wonten ing dinten punika. Mila awit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun para rawuh tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing dinten kalenggahan punika. .dapatkan kumpulan DP BBM TERBARU, klik disini
www.inoaGroup.com

PEMBAWA ACARA BAHASA JAWA

"NIKAHAN"

  Oleh : Soli InoaGroup.com

Suasana punika mracihnani bilih  laksitaning adicara sampun tinarbuka. Anamung murih lampahing adicara ing titi wanci punika wiwit purwa, madya dumugi wasananing pepanggihan tansah winantu ing karaharjan nir ing sambekala, eba saenipun kita tansah dhedhepe wonten Ngrasanipun Gusti Allah SWT kanthi sareng-sareng ngunjukkaken pandonga. Ingkeng punika, sumangga kita ndedonga kanthi nenuwun lan nyeyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Suratul Fatihah, kula dherekaken. ‘ala hadhihiniyyah alfaatihah..



Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih atur pambagyaharja saking panjenenganipun ingkang hamengku gati. Anamung, awit keparengipun keluarga, atur pambagyaharja kasuwunaken dhateng sulih sariranipun, nun inggih Bapa Muhamad Irfan. Dhumateng Bapa Muhammad Irfan kawula sumanggaaken.
Sampun cetha lan terwaca atur pambagyaharja saking keluarga sekaliyan lumantar Bapa Muhammad Irfan. Sagung para lenggah kakung sumawana putri ingkang tansah sinuba ing pakurmatan. Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka tiga, kasuwun paringipun tanggap sabda saking panjenenganipun Bapa Solikin sekaliyan ingkang badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bapa Joko Sarwono minangka talanging pangandika Bapa Solikin sekaliyan. Dhumateng panjenenganipun kula sumanggaaken. BACA JUGA : MS. OFFICE 2016 TELAH DIRILIS, BELI ATAU TIDAK?

halaman : - 1 - 2 - 3 - 4 - 5 -



Baca Juga Artikel Lainnya :

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Dolanan Jawa "Menthok-menthok"

Vidi Aldiano, Pupus Kasih Tak Sampai